Tembang Macapat
Cacahing
Tembang Macapat iku ana 11 werna: Pucung,Maskumambang,Gambuh,Kinanthi,Asmaradana,Megatruh,Mijil,Durma,Pangkur,Dhandhang
Gula.Saben Tembang Macapat kaiket wewaton/paugeran:guru gatra (cacahing gatra
saben sapada),guru wilangan(cacahing wanda saben sagatra),lan guru
lagu(dhong-dhinge swara saben pungkasan gatra).
Jenis
Tembung Macapat Paugeran/Wewatone
1. Pucung 4
gatra =12u,6a,8i,12a
2. Maskumambang 4
gatra =12i,6a,8i,8a
3. Gambuh 5
gatra =7u,10u,12i,8u,8o
4. Megatruh 5
gatra =12u,8i,8u,8i,8o
5. Kinanthi 6
gatra =8u,8i,8a,8i,8a,8i
6. Mijil 6
gatra =10i,6o,10e,10i,6i,6u
7. Durma 7
gatra =12a,7i,6a,7a,8i,5a,7i
8. Asmaradana 7
gatra =8i,8a,8e,8a,7a,8u,8a
9. Pangkur 7
gatra =8a,11i,8u,7a,12u,8a,8i
10. Sinom 9
gatra =8a,8i,8a,8i,7i,8u,7a,8i,12a
11. Dhandhang Gula 10
gatra =10i,10a,8e,7u,9i,7a,6u,8a,12i,7a
Carane ndhapuk tembang macapat
a. Sing wiwitan kudu mangerteni paugeran/wewatone tembung
kasebut.Upamane Dhandhang Gula,paugerane 10 gatra =
10i,10a,8e,7u,9i,7a,6u,8a,12i,7a.
b. Banjur,gawe ukara sing cacahing 10 gatra.
c. Yen rampung,nuli ngitung wandane ukarane,dilarasake karo
paugerane =10,10,8,7,9,7,6,8,12,7(tegese,sing kurang tinambahi,sing luwih
dikurangi)
d. Pungkasane,nglarasake guru lagune
=i,a,e,u,i,a,u,a,i,a(tegese,sing durung trep diganti lan sing wes trep tetep
dia]nggo)