Pages

Minggu, 07 Desember 2014

Drama



Contoh Drama B.Jawa untuk 5 orang
UWOHE PRASANGKA  KANG ALA
Dina sabtu,ana murid anyar ing sekolahan SMP Dharma Wijaya.Jenenge Dinar.Pas bel masuk pelajaran.Dinar maju mengarep gawe perkenalan.
Pak Guru      :Arek-arek,iki ana murid pindahan.Ayo nduk,perkenalan.
Dinar                          :Assalamualaikum wr.wb. Nami kula Dinar Rahmawati,kula                    pindahan sangking SMP 2 Jogjakarta,kula pindah sekolah teng mriki amargi
            tumut tiyang sepah.Wassalamualaikum wr.wb.
Kabeh                        :Wa’alaikum salam wr.wb.
Pak Guru      :Dinar,lungguh karo Yanti nggeh...
Dinar              :Nggeh Pak.
            Ana murid ingkang ora seneng ing Dinar,jenenge Ayuk.Saben dina ngerasani Dinar.Sampek ora suwi,Ayuk iku duwe rencana kang ala gawe Dinar supaya ora betah ing SMP kunu.Ayuk ngomong ning kancane.
Ayuk              :Eh,Dinar iki arek’e ketok e sombong yo.Gek senengane lek nguwasi koyok ngunu iku lo.Peh pindahan teko kutha ae sikape ngunu iku.
Yanti               :Opo iyo to?Rumangsaku ora iki.Arek’e lo senengane nyopoan.
Ayuk              :Heleh,iku palingan gor gayane tok.Eh,ayo sesok Dinar iku dijahili.
Yanti               :Moh lah,arek menengan kok disalahi.
Ayuk              :Halah yowes.(wajahe Ayuk mbesengut,ninggal ngaleh Yanti)
Sesok e......
            Ayuk clingak clinguk arep ndelikake HPne Sugeng kang diseleh ning jero meja. Niat ala ne Ayuk iku arep ndelikake Hpne Sugeng,terus engko sing difitnah iku Dinar.Mari di delikake,Sugeng golek’i Hpne ingkang ilang mau.
Rita                 :Lo?HP ku sing nang jero meja endi?(wajah bingung)
                        Rek,enek sing eruh Hpku?
Ayuk              :Nyapo Rit?
Rita                 :Hpku ilang.Padahal rumangsaku mau tak deleh nang jero meja.
Ayuk              :Enek seng njupuk paling Rit.
Rita                 :Yo mboh,iyo paling.Tapi sapa sing njupuk Hpku?
Ayuk              :Paling sing njupuk Dinar.Kan arek’e sek tas nang kene to,dadi pingin nang Hpmu paling.
Rita                 :Mosok to?.(terus Sugeng mlaku nang Dinar karo wajah rodok nesu)
Dinar              :Nyapo Rit?
Rita                 :Nar,awakmu njupuk Hpku to?
Dinar              :HP opo to Rit,aku lo gak eruh Hpmu iku sing endi.
Rita                 :Halah gak usah ngapusi awakmu Nar.Awakmu to sing njupuk HP ku.(wajah nesu)
Dinar              :Ora Rit,tenan.Duduk aku sing njupuk HP mu ki.
Rita                 :Alah sekarepmu wes Nar.Mosok enek to maling sing ngaku iki.
Dinar              :Beh Rit,tenan.Duduk aku sing njupuk Hpmu.
            Krungu tukarane Sugeng lan Dinar.Ayuk sing gawe rencana iku seneng banget atine.Ayuk wes ngroso lek rencanane iku bakal berhasil.
Pak Guru teko... ..
Pak Guru      :E..e..e,lungguh kabeh.Enek opo to iki kok rame-rame?
Ayuk              :Niki lo ,Bu.Hpne Rita ical..
Pak Guru      :Kok Hpne iso ilang iki lo piye ceritane?
Rita                 :Niki wau Hpne, kula salap teng lebet meja nggeh Pak.Tapi,kula tinggal teng kantin wau,mpun mboten wonten.
Pak Guru      :Yowes,Hpne digolek i disik.Rek,njajal kabeh tas e dibukak.Bekmenowo enek Hpne Sugeng sing keselep.
Kabeh murid podo meriksa tase dewe-dewe,tapi pancet ora ketemu.
Pak Guru      :Enek rek?
Kabeh            : Mboten wonten Pak..
Pak Guru      :Wes ngene ae.Kiro-kiro sapa sing weruh Hpne Rita mau.
Rita                 :Menawi Dinar Pak.
Dinar              :Mboten buk, kulo mboten semerep hpne Rita
Rita                 :Hallah ngapusi paling ,lawong awakmu lo seng nyolong
Dinar              :Ora yo
Rita                 :iyo
Dinar              :ora
Rita                 :iyo
Pak Guru pegel amarga podo engkel-engkelan.
Pak Guru      :wes rek gak usah tukaran
Dinar              :emm buk, menawi boten wonten seng ngertos.kulo mawon pun seng genteni hpnipun  Rita.
Pak guru       :Wes ngne ae,sesok maneh rek lek nutukake masalah iki, Rit hpmu karo golek ono lo.
Kabeh            :nggeh pak.
Pas mulih sekolah.Yanti nekani Dinar,arep ngajak omong-omongan.
Yanti               :eh Nar, paling dalang masalah iki Ayuk yo.
Dinar              :alah opo iyo to Ti?
Yanti               :iyo, soale dekwingi iku ,Ayuk ngajak aku njaili sampean. tapi aku ora gelem.
Dinar              :paling-paling ayuk gor mek asal nyeplos tok, nggak mungkinlah arek e nglakoni kuwi.
Pas ing dalan,Ayuk mlaku karo mikirne Dinar sing gelem tanggung jawab.
Ayuk              : Ya Allah Dinar iku gak se’elek seng tak kiro yo tibak’e. Aku kudu njaluk sepura karo nyelesek ne masalah iki
Sesok e Ayuk teko isuk-isuk arep ngomong ning Dinar masalah Hp. Gak suwi ngenteni, dinar teko.
Ayuk              :Nar Dinar
Dinar              :nyapo Yuk
Ayuk              :sak urunge aku njaluk sepura ning sampean.
Dinar              :emange opo’o, kok sampean njaluk sepura ning aku.
Ayuk              :ngene Nar, ket awal iku aku iku pegel neng sampean , soale ketarane sampean sombong. Trus goro-goro iku,aku pengen ngejahili sampean.
Dinar              :dadi seng njupuk Hpne Sugeng iku sampean Yuk?
Ayuk              :iyo, lan aku ngroso salah .soale garai sampean dadi gak duwe konco
Dinar              :wes ora popo sing penting sampean gelem ngakui salahe   sampean, trus nengdi Hpne Sugeng saiki?
Ayuk              :tak seleh nang lemari, tapi Nar .aku aja dilaporne neng Bu Guru yo .aku janji gak bakal mbaleni meneh.
Dinar             :iyo Yuk.
Sak marine Ayuk njaluk sepura ning Dinar.Kanca-kanca pada teka,terus Ayuk ngomong ing Rita.
Ayuk              :Rita,sampean wes golek’i ning lemari anding meja guru?
Rita                 :Durung Yuk
Ayuk              :Njajal golek ono sek Geng,bekmenowo ketemu.
Terus Rita mbukak lemari,lan Hpne iku ketemu.Rita ngomong ning Bu Guru.
Rita                 :Bu,Hp kula sampun kepanggih.
Bu Guru        :Oo yowes peneran.Sesok-sesok maneh ati-ati yo lek nyeleh HP Rit.
Rita                 :Nggeh Bu.
Terus Rita njaluk sepura ning Dinar.
Rita                 :Nar,aku njaluk sepura nang sampean.Aku wes nuduh sampean sing nyolong Hpku.
Dinar              :Iyo Rit.gak popo.
Masalah Hpne Rita wes mari.Saiki Ayuk,Dinar lan Rita saiki dadi kanca akrab.

          

0 komentar:

Posting Komentar